Pidato B. Jawa - Perpisahan Kelas 3 SMP


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

          Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca, siswa-siswi SMP Negeri 2 Kebumen ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan saenggo kita sedaya saget sesarengan kempal wonten Adicara Perpisahan Siswa Kelas 9 punika. Sa’sampunipun Muji Syukur dateng Allah SWT, saha nyuwunaken tambahan Rohmat Keselametan dateng Rosululloh SAW.

          Kula siswa kelas 9 ingkang mewakili kanca-kanca kelas 9 ngaturaken matur sembah nuwun katur sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mqulawantah kula sakanca dangunipun tigang warsa wonten pawiyatan menika, matur suwun sanget, kula minangka wakilipun sedaya kanca ngaturaken katur bapak ibu guru.

          Tigang warsa mboten keraos sampun dipun lampahi temtu kula kalian sedaya nggegadahi kenangan sae lan awon mugi lantaran sedanten punika wau kula saha sedaya bakal nuwuhi raos kangen sanget dateng SMP Negeri 2 Kebumen ngriki. Mboten kantun kula minangka wakilipun kelas 9 nyuwun pangapunten dening bapak lan ibu guru sedaya.

          Kula sakanca inggih nyuwun pangestunipun supados kula sakanca saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakanca. Ugi nyuwun donga supados kula sakanca saget dados tiyang ingkang migunani kangge keluarga, masyarakat, ugi bangsa lan negara. Sejatosipun kula sakanca kraos awrat sanget kangge nilaraken pawiyatan menika.

          Kula gadhah pesen kangge adhik - adhik kelas 7 kaliyan 8 supados sinau ingkang sregep. Kedah emut dhateng ajaran Islam perkawis manfaataken wekdal, wekdal punika gantos nanging mboten keraos mila sampun ngantos lena ngisi wektu, wekdal ibadah kalian sinau salah sawijinipun kwajiban kulo kalian adhik - adhik sedoyo, utawi dipuntegesi usaha kalian do’a, tujuanipun setunggalkemawon inggih punika supados saget wujudaken cita-citanipun ugi dados lare ingkang lantip slamet ndonya akhirat amin.

          Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula matur kagungan sisip sembering, klenta - klentuning atur klenthhu, kula nyuwun agunging pangaputen dumateng sedaya kemawon. Kula aturaken matur suwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Comments